Sabtu, 26 September 2009

Geguritan

Widadariku

Ora nggatek mangsa ketiga
Ora nggatek mangsa rendeng
Ngalor... Ngidul...
Ngetan... lan Ngulon...
Mung kowe sing lungguh ing atiku
Kahananmu nggugah sliraku
Menehi banyu nyegerke awaku

Esemmu kang pating sumilir
Kaya kembang Edelweis,
Kang mekrok ing dhadhaku
Rina Wengi aku mikirke
Ora lila yen kelangan kowe

Senajan kangen
Aku mung bisa nyawang sliramu,
Saka sasuwek kertas poto
Nanging???
Bintang lan Rembulan sing setya
Ngancani aku saka petenge donya...
Iki...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar